MC Upacara Temanten (Pernikahan) Jawa


POCORO PANGGIH TEMANTEN

Assalamualaikum Wr. Wb.
Winantu sagunging karahayon mugi kajiwo lan kasariro dhumateng panjenengan sedoyo.
Dhumateng sagung poro sesepuh lan pinisepuh, poro mangalaning projo miwah pangarsaning nagari, poro alim ularma ingkang tansah kawulo ta'ati, bapak-bapak, ibu-lbu miwah poro lenggah ingkang dhahat kinurmatan
Sakderengipun titilaksono adicoro Panggih Temanten kawiwitan, dhumateng panjenengan sekalian sumanggo, kulo dherekaken-ngaturaken puji Syukur kunjuk ing ngarso dalem gusti ALLAH SWT, ingkang sampun kepareng hambabar doyo pangaribowo dumateng sagung poro kawulo. satemah kito sekalian wonten ing alaming bagas kuwarasan datan kirang satunggal punopo, sahinggo kito sekalian saget hangrawuhi soho pareng berkah pangestu dhumateng bpk   sekalian, anggenipun kepareng badhe nindakaken darmaning sepuh amiwoho putro-putri Ingkang sesIlih anak ajeng ingkang sampun polokromo kaIian jejoko tumaruno anenggih putro kakungipun bpk...sekalian ibu ingkang kekasih anakmas...
Poro rawuh kakung sumawono putri ingkang dhahat sadu budi, menggah adicoro ingkang badhe kafindakaken ing kalenggahan puniko, panggih temanten miturut totocoro adat jawi, ingkang tumindaking adicoro kawiwitan saking adicoro pasrah finampi lan ngantos paripumo.
Paro rawuh ingkang dhahat kinurmatan, mekaten menggah upocoro ingkang badhe tumindak, ing saIejengipun dhumateng panjenengan sekalian, sumonggo keparengo hanenggo titi winanci lumindaking adicoro, soho kawulo aturi anggrahapi pasugatan ingkang kuto aturaken wonten ngarso panjenengan, nuwun.




MEMEMPELAI PUTRI AKAN KELUAR

Poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan, temanten putri sampun rampung anggenipun ngadi sariro, pramilo saking puniko Nini temanten kepareng badhe sowan ngabyantoro, lenggah wonten ing kursi rinenggo.Dhumateng ibu pranoto busono keparengo hangasto tementen putri tumuju wonten ing patenggahan. Dhumateng kadang pranoto pito sworo utawi operatar kawdo aturi ngungelaken gendhing ketawang SEKARTEJO,Sumonggo.

NYO_NDRO:  Binarung swaraning genclIng sek.artejo tentanten putri ingkang sampun rampung anggenipun ngadisariro, mIjil saking sasono mayang arum nedya humarak sowan wonten ngarsanipun sagung poro rawuh, manjing madyaning sasono rinenggo kinathenan ibu pranoto busono, ngiras pantes hanenggo titiwinanci sowanipun temanten kakung Ingkang badhe anindakaken upocoro panggih temanten miturut totocoro adatjawi.

Hangagem puspito rinonce ing ukellro, sinampiran wonten ing pamidangan kanan, lamun katiuping samlrono mondo, kongas gandane hangebegi wismopahargyan, endah edining busono, hamlmbuhl gandes luwes solah bawane. TIndaking Sri Atmojo temanten putri hamucang kanglnan, lengkeh-lengkeh pindo singo lupo, sapecak mangu satindak kendel pangudas maraning driyo, lamun dereng kawijiling lisan, hangrantu praptaning satriyo mudo taruno minongko gegantilanIng nolo.












TEMANTEN PRIA DATANG DAN  -AKAN MEMASUKI GAPURO

Poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan
Temanten kakung miwah sagung poro kubwargo sampun rawuh. Dhumateng bpk .......minongko wakil saking kulowargo temanten pulri, kawulo aturi tumuju dateng gapuro, nampi sowaniputt temanten kakung.dhumateng parogo ingkang kajibah ngasto kernbar mayang, kawub aturi enggal siyogo nindakaken wajib.
Salajengipun dhumateng sagung poro tamu katuran jumeneng sawetawis, mahargyo rawunipun temanten kakung, sumonggo. Dhumateng kadang operator kawulo aturi ngungelaken gending KEBO GIRO, sumonggo.
NYONDRO: Binarung swaraning gending kebogiro, kawistingal jengkarIng putro temanten kakung saking wismo pabreman, Dhampyak-dhampyak poro kadang wargo wandono samyo hangajab tindaking putro tematen kakung, mubyar-mubyar busananing temanten kakung, ingkang tinaretes benang sesotyo, ngagem kuIuk kanigoro, angembo busananing noto, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabowo.

Dasar temanten kakung anyardulo lupo tIndake, riyak anggajah ngoling, lembean merak kasimplr, ing driyo kang mingkuh ing salirIng kewoh, tatag, tangguh, tanggon, tanggung jawab prapteng ngendon. Wus handungkap unggyaning kang tinuju, gyo kendel tindakiro wonten sangajeng wiworo, keparenging sedyo hangrantu laksltaning adicoro salajengipun.











PASRAH TINAMPI TEMANTEN KAKUNG

Poro rawuh ingkang dhahatsadubudi
Kaki temanten sampun prapteng gapuro sasono pahargyan, salajengipun badhe katindakaken adicoro pasrah tinampi temanten kakung, dene pasrah temanten kakung badhe katindakaken dening Bpk.
.............. (wkl temanten putra) minongko sesulih saking temanten kakung, sumonggo.

Poro Rawuh Ingkang Dhahat Kinurmatan
Salajengipun pasrah temanten kakung badhe katampi dening bp....(wkl temanten putri), sumonggo.








SILIH KEMBAR MAYANG

Poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan. Sampun tumapak titi winanci temanten
kakung lan temanten putri badhe kapanggihaken. Wondene tumapaking adicoro panggih temanten, badhe kairing ungeling gending KODOK NGOREK, sumonggo.

Poro rawuh ingkang dhahat sadubudi, kalenggahan puniko katindakaken adicoro Silih kembar Mayang





SAWATAN GANTAL

Poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan, pari purnaning adicoro silih kembar mayang, salajengipun katindakaken adicoro Sawatan Gantal
Balonguning kemanten putri marong temanten kakung kang winaston gondang kasih dene balonguning kemanten kakung marang kemanten putri kang winaston gandhang tutur.


WIJIDADI

Poro rawuh ingkang dhahat sadubudi, sasampunipun adicoro sawatan gantal, salajengipun badhe katindakaken adicoro Wijidadi, inggih meniko temanten kakung ngidak tigan ngantos pecah, salajengipun temanten putri hamijiki sukunipun utawi ampeyanipun temanten kakung.







JUMENENGAN

Poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan, sasampunipun adicoro wijidadi, salajengipun katindakaken adicoro Jumenengan,  inggih puniko temanten kakung miwah temanten putri jumeneng sami-sami majeng dateng papan padununganpahargyan.
Mawi Jagung Drajat, ayu diajeng enggal jumenengan jajar murung kakung.













UNJUKAN TIRTO WENING

Poro rawuh ingkang dhahat sadubudi, ing samangke badhe katindakaken UNJUKAN tirto wening, dhumateng ibu keparingo paring unjukan tirto wening dhumateng temanten kekalih. Temanten kakung rumiyin, salajengipun temanten putri, sumonggo. Minongko (pralampito mrih sabarang pakarti linambaran weninging panggalih miwah menebing Qolbu, kang tinemu, hayu, hayem, hangayomi).














SINDURAN

Poro rawuh ingkang dhahat kinurrnatan, ing samangke katindakaken Upocoro SINDURAN, inggih puniko bp...(ayah mempelai putri) wonten ngajengipun temanten kekalih, dene ibu wonten wingkingipun temanten kekalih lumaksono sesarengan tumuju wonten ing kursi rinenggo,
sumonggo.   ponezo
Dumateng kadan pitosuworo katuran ngungelaken gending LARASMOYO, sumonggo.

NYONDRO
Kalenggahan puniko katindakaken sinduran, inggih meniko temanten kekaleh dipun kemuli sindhur ingkang wujud kain ingkang wern1 abrit lan pethak. Pethak minongko pakartining bopo, dhenIng abrIt minongko pakartining ibu. Romo wonten ngajenglpun temanten kekaleh, ing ngarso sung tulodho, temanten kekaleh, wonten satengahing romo lan ibu,ing madyo mangun karso,parandene ibu wonten wingkInglpun temanten kekaleh.
TUTWURIHANDAYANI
Lon-lonan samyo lumaksono sesarengan tumuju wonten ing sasono rinenggo / pelaminan.romo paring dawuh mekaten : anakku ngger,temantan sakloron,s1ro dak Iungguhake ono papan kamulyan,s1ng iku biyen dak lungguhi aku Ibumu, mulo wiwit dino ikl lungguhono slIramu sak kloron.

Wau to lah ing konoto wau
Sampun paripurno deniro lumaksono sinduran sigro katindakaken adicoro. saIajengipun inggih meniko pangkon tImbang.








PANGKON TIMBANG

Poro rawuh ingkang dhahat sadubudi, salajengipun katindakaken adicoro pangkon timbang. Dhumateng bp...keparengo lenggah wonten kursi rinenggo, salajengipun temanten kekalih lenggah wonten sukunipun bapak kanan lan kereng, sawetawis ibu keparengo nyuwun pirso
dateng bapak mekaten : pak, "abot sing endi" lajeng dipun jawab dening bapak, "abote podo waebu".Sumonggo.









TANEM JERO

Poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan, kalenggahan puniko badhe katindakaken adicoro TANEM JERO, sesampunipun temanten kekalih jumeneng, keparengo wonten ing kursi rinenggo ("anakku ngger, ayo tak lungguhake ono ing papan kamulyan. lki biyen sing lungguh ono ing kene yo aku lan ibumu, wiwit sakiki lungguhono sliramu sak kloron, yo ngger anakku. Wong tuwamu mung ndedungo: mugo­mugo kasembadan opo sing dadi sedyamu yo ngger")


















KACAR KUCUR
Poro rawuh ingkang dhahat sadubudi, kalenggahan puniko badhe katindakaken adicoro KACAR KI.JCUR utawi TOMPO KOYO. Dhumateng temanten kakung keparengo ngesokaken tilam ingkang isi dono koyo, ingkang katarnpi dening temanten putri, salajengipun dono koyo peparingipun temanten kakung katitipaken dhumateng ibu, sumonggo
Kacar kucur....wong liyo dadi sedulur. Kacang kawak dele kawak wong liyo dadi sanak
Hyang kang paring sandang kaki-kaki kang podo- golek rejeki, nini-nini kang podo hangopeni, slura sluru mburu bondo kang podo mlayu. Rejeki ayo..podo melu aku, slengkreng rejekine pun nderek temanten sedoyo.
DHAHAR KLIMAH

poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan, salajengipun badhe katindakaken adicoro DHAHAR KLIMAH utawi dhahar sekul kuning. Dhumateng temanten kakung keparengo handulang temanten putri, mekanten ugi temanten putri keparengo handulang temanten kakung, sumonggo.














MAPAK BESAN

Poro rawuh ingkang dhahat sadubudi, sasampunipun temanten kekalih paripurno nindakaken adicoro krobongan. Bapak....(ayah maempelai laki-laki) sekalian ibu kepareng badhe rawuh, hangestreni putro ingkang nembe ktnawon nindakaken panggih dhumateng bapak..................... ( Bpk. mempelai putri ) sekalian ibu kasuwun enggal hamapak besan ingkang kepareng badhe rawuh. Dhumateng kadang operator kawulo aturi ngungelaken gending MUGIRAHAYU, sumonggo.

NYONDRO
Besan kekaleh lumaksono sesarengan tumuju ing sasono rinenggo, kembar busanane,kembar agemane, mujudaken sampun manunggal anggenipun nderekaken putro kekalih tumapak ing alaming kadiwasan.


Wau To Lah Ing KonoToWau
Sinartan lumaksono tan kendat, besan kekalih hanyenyuwun wonten ing ngarsanipun Gusti ingkang Moho Suci, mugi-mugi putro kekalih anggenipun hamiwiti mbangun kuluwargo ing madyaning bebrayan agung, tansah pinaringan Rahmating Gusti Alloh ingkang moho suci.














































SILIH KALPIKO


Bapak-2, ibu-2 miwah sagung poro tamu ingkang dhahat kinurmatan, salajengipun badhe katindakaken adicoro silih kalpiko utawi masang cincin. Dhumateng temanten kakung keparengo hamasang kalpiko wonten ing driji manis asto kananipun Temanten Putri, lan kosok wangsulipun anak ayu pinanganten Putri keparengo hamasang kalpiko trisno wonten ing driji manisipun Pinanganten kakung ingkang sisih kanan, sumonggo
Dhumateng kadang pranoto pito suworo kawulo aturi ngendelaken gendingipun, sumonggo.












PANGABEKTEN

Poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Sasampunipun besan kekabh lenggah wonten ing kursi ingkang sampun sumadio, salajengipun dhumateng temanten kekalih kasuwun enggal nindakaken adicoro sungkeman, ingkang dipun sepuhi dening ibu Pranoto Busono, sumonggo.
Dumateng kadang pranoto pito sworo kawulo aturi ngungelaken gending, KETAWANG IBU PERTIWI, surnonggo

NYONDRO'
Kalengga n meniko Sri Temanten Kakung lan Putri kepareng aturaken sembah pangabekt1 wonten Ing ngarsamp ,Romo lan Ibu. Repepeh-repepeh pindho soto Metarangan, kepareng hanguswo pepodo. Umpami matur mekaten menggah kawijinIng lIsan.



Sri Temanten Kekalih :
"Dhuh Romo soho Ibu, pepunden kawulo Ingkang ngukir jiwo rogo kawuto soho kasutapan kawulo, sangang wulan sedoso dinten Ing guo garbaning panjenengan ngantos lahlr dumungining dewoso. Kawulo ngaturaken sembah pangabekti, kerso'o romo tuwin Ibu parIng berkah pangestu anggen kawulo hamiwIti mbangun kulowargo ing madyaning bebrayan agung.

Bopo tuwin Ibu :
"Ngger anakku...sakloron, dak pangestoni anggonmu bebrayan, pawelingku yo ngger...oja ngantl lali. Sing pinter-pinter mamong garwdmu lan kulowargomu. Ojo tukar padu, tondo eling marang sabaring ati. Mugo­mugo anggonmu jejodohan lan bebrayan tansah pinaringan Rahmating Gusti ingkang Moho Suci. VVIs kono enggal nyuwun pangestu marang moro tuwomu yo ngger..."


Sri temanten kekalih :
"Ngestoaken dawuh Romo soho Ibu."
Dhuh Romo soho Ibu, kawulo nyuwun tambahing pangestu dhumateng panjenengan. Mugl-mugi anggen kawtho mbangun kulowargo pinaringan gangsar tancar kalis saking rubedo nir ing samblkolo,"
Bopo tuwin Ibu :
"Ngger putraku sak kloron. Dak pangestonl yo ngger, anggonmu jejodohan mugo-mugo lulus raharjo, atut runtut koyo mimi kang nembe hamintuno, mulyo uripmu wiwit ndunyo nganti swargo sing tatag anggonmu nompo panandang, datang gampang arnutung. Yen pinaringan putro wayah, mugo-mugo tansah migunani tumrap Nuso, Bongso lan Agomo.
Temanten Kekalih
"Nuwun inggih Romo soho Ibu"














SAMBUTAN :

Poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan, sasampunipun pengabekten paripurno, salajengipun badhe katindakaken adicoro pambagyoworo (sambutan). Wondene minongko sesulih kulowargo penganten kekalih ingkang kepareng nindakaken pambagyoworo inggih puniko Bapak (yang ditunjuk). Dhumateng
besan kekalih keparengo nderekaken
Bpk ingkang ngaturaken
pamabagyoworo, sumonggo.











KIRAB
Poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan, ing samangke enggal katindakaken adicoro Kirab Temanten, ingkang badhe dipun sepuhi dening ibu pranoto busono, sumonggo.
Dhumateng kadang pranoto pito sworo (operator) katuran ngungleaken gending Langen Gito Srinarendro, sumonggo. NYONDRO













NYONDRO
Kacarito dupi wus samekto ingkang ngirabaken penganten, sang subo manggolo sigro nyaketi lenggah hipun penganten kekaleh tanggap sinasmItan sri penganten gyo jengkar saking palenggahan, lumaksono nganthi ingkang garwo, tengkeh-lengkeh nyardulo lupo tindake riyak anggajah ngoIlng, pantes kalamun kang samyo humiyat kedhep tesmak pandulune, uningo tindakiro sri penganten kekaleh.
Solahe kadi hambekso salagane hanglam-laml. lah punioko to sang subornanggolo engkang mangarsani lampah, esthining penggalth jroning lumaksono kanthi kebak ing pangarah-ngarah hamung suko tetuntunan dhumateng sri penganten mugi dennyo arso lelumban ing madyaning bebrayan agung tansah anengenaken pangali­ati.
Pepayung budi rahayu linambaran tepo, tresno sarto sembodo : milo winastan tepo sirik ing kadurakan, tresno
mamnh Ing karukunan, dene sembodo roso lan prakoso ing driyo tan mingkuh ing pakewuh satemah kukut bakuh bangkit kInaryo pangayoman.
Kembar busanane, rampak dedeg piadege, lah puniko to Ingkang sinebat patah sekembaran, ingkang pinaragan dening lare estri kekaleh ingkang taksih alit, jroning lumaksono sinambi gegojegan, parandene datan saru dinulu nanging sangsoyo nambahi asri dinulu. Patah kekallh kalamun cinondro kadyo widodari sakIng kaendran tumurun arso paring pangestu soho wahyuning kamuIyan dateng sri penganten kekalih.
Sarwo mubyar busanane, endah asri kalamun dinulu, lah punika to pengageme sri penganten. Penganten kakung angagem rnakhuto pinalipit rukmi ginepeng, pinathik-pathik kumolo, pinatut kalawan kembang kantil mlwah dasi mungguing jonggo, datan kantun ngagem sangsangan kencono, ingkang kinaryo carub kalawan sangsangan puspito rinonce munggwing jonggo tumumpang, pamIdangan kanan lan kereng.
Langen harjan awamo kresno sinulam benang kencono patIng clorot cahyane kasorot sunaring pandham samadyaning pahargyan, kadyo taranggono kang si;ih prenah. Paningset cinde puspito, epekbaludrurekto pInailpit rukmi, wangkinganwarongko ladrang ukiran nunggak semi, duwung tinatah tinatu renggo miwah canelo tinaretes sesotyo lan kumolo.
Temanten putd pidegso dedge mantesi, sembodo genging sariro, sasolahe mIlangoni, lelewane anujuprono, dhasar karenggo ing busono adi tinoto rapi, ngagem cunduk awangun wulan tumanggal tinaretes sesotyo pinatut kalawan cundhuk menthul ingkang tansah ebah-ebah yen kinaryo Iumaksono, milo kalamun cinondro kadyo anggane wong ayu kang lagiangawe-awe.
Uket rinenggo kanang puspito endah kawuryan asri kalamun dinulu sangsangan rukmi ingkang kinaryo ijbeng dhodho, pinathik-pathik ing sesotyo, satuhu akaryo lam­laming kang samyo humiyat, kebayak wamo langkin, cetho kalaritun temanten kekallh sampun sarujuk ing boboting katrisnan, milo jroning lumaksono tansah pepuletan asto bebasan benggang gulo kemepyur puIut.
Benggange koyo gulo pliket, kemepyur koyo pulut — soyo mbutet, dasare temanten anyar.
Katingal mabukuh yeyah prayitneng kewuh memayungi yuwananing penganten, lah punlko to taruno kekalih ingkang apindho putri narendro, anenggih puniko winastan putri domas.
Sadoyo sami sulistyo Ing warno, umpomo pustalto nedenge mangrurahsarl, milo pantrs kalamun akaryo gawoking paninggal, langkung-langkung poro jejoko ingkang sami humiyat satimah katenggengan. Samusut kepereng wuntad poro kadang santoso miwah sumitraniro srl penganten, kang samyo jumurung angombyongi kirabing pengantensarimbil.
Ingkang tansah tutwuri handayani lampahing sri penganten, lah puniko to panutuping lampah kirab, hanengglh romo Ian ibu nipun temanten. Bombong berag sarto birowo ing driyo, pramilo jroning lumampah pethiting kirab tansah asung pepuji winor pangesthi : mugi gusti Alloh paring pangayoman dumateng sang sri penganten kekaleh.

Wauto lah Ing konoto wau
Laju lampahe sri penganten wus andhungkap parIpumo. Sang subo manggolo sigro hanganU sang andon lampah manjing ing sasono busono keparengipun rucat busono keprabon salajengipun bedhe hangrasuk busono kapangeranan.

Kalau digedung :
Laju lampahe sri penganten wus handhungkap paripurno. Sang subo manggolo sigro hanganfi sang andon lampah manjing ing sasono rinenggo, ingkang keparengipun hanampi berkah pangestu saking sanghyaning poro tamu dalah poro kulowargo.






NYONDRO

Wus paripurno sri penganten denyo hangrasuk busono sang subomanggolo hangathi sri penganten saking sasono busono manjing wismo pawiwahan, arso kalenggahaken ing sasono kursi rinenggo. Tataning lampah sajuru-juru anut tataning kirab.
Prapto ing drawaning wisma pahargyan lumaksanane kagyat kagoro wekasan sang subop manggolouninggo eden eden upo rengganing gapuro. Ing tawaning kanan kereng rinenggo adi tinoto peni, raras kawuryan, kinaryo, tuhu wasito sinandhi tumrap sang penganten.
Ing tembe sri penganten dadyo ugeraning brayat anggun ingkang anggayuh karukunan kanthi tumaneming raos rumongso handrabeni, wajib ganrungkebi, mulat sariro hangroso wani, jumbuhing panggalih temah lebih ing cacengilan.
Ngenggeng pepuletan tinangsulan ing soko anggrenggani pandapa lah puniko pradopo monco wani ingkang tinunggulan pradopo waringin, royoming adem hangayomi.
Milo panthes kalamun daddyo lambanging kiblating lelabuhan, mangkono pangudras – maraning driyo yen to kawedar ing lathi ucapin ing subo manggolo dupi humiyat pradopo waringin ingkang dadyo tetungguling pradopo monco warni. Sejuru – juru tataning lsmpsh kiraning penganten ingkang wus ngagem busono kapangeranan, pindho sri narendro ginarebeg sanghyaning poro nayokoprojo.
Tataning lampah kadi napak filas lekase sang sarjana linangkung ingkang wus murut ing kasedan jati Ki Hajar Dewantara : ing ngarso sung tutodho, ing madya mangun karso, tutwuri handayani. Upocoro kirabing penganten soyo tambah adi kawuryan karono sri penganten wis ngagem busono kasatrian candrane kadyo Raden Bagus Danang Suto Wijoyo atmajane Ki pemana han, hanganthi garwo niro Dewi Samangkin, putro-putrinipun Sunan Bagus Prawoto ing kati nyamat ameng-ameng ing adiyono patamanan mirsani puspito ingkang nedheng-nedhenging arnbabar gondo arum.
Dene inanggoloyudo yen cinondro kadi swandarugeni, atmajane Ki Demang Sangkal Putung miwah sang Agung Sedayu, putrane K: Sadewo ingkang kalih­kalihIpun saking tiatah jatienom. Putri dhomas ingkang minongko poro waroro, kawuryan koyo putri perdikan saking bawah jagat banyu biru.
Kacarito kirabing penganten wus prapto madyaning pandapi, pengantin anggung sru panyuwunipun dhumateng sanggyaning poro tamu mugi paring pangestu temah tutugo ingkang glnayuh dumugiyo ingkang jinongko, jurniah kaliyan gegayuhanipun trep kalihan kudanganing tiyang sepuh hipun.
Soyo raket rinaketan ing sasono kursi rinenggo lumaksanane sri penganten, dening sang subo manggolo gyo ingacaranan lenggah. Dupi sanag penganten wus lenggah ing kursi rinenggo, sang subo manggolo ngawe­awe nyasmitani dhumateng poro waroro ingkang hanggarubyug, wangsul ing sasanane dhewe-dhewe.



Tataning lampah kadi napak filas lekase sang sarjana linangkung ingkang wus murut ing kasedan jati Ki Hajar Dewantara : ing ngarso sung tutodho, ing madya mangun karso, tutwuri handayani. Upocoro kirabing penganten soyo tambah adi kawuryan karono sri penganten wis ngagem busono kasatrian candrane kadyo Raden Bagus Danang Suto Wijoyo atmajane Ki pemana han, hanganthi garwo niro Dewi Samangkin, putro-putrinipun Sunan Bagus Prawoto ing kati nyamat ameng-ameng ing adiyono patamanan mirsani puspito ingkang nedheng-nedhenging arnbabar gondo arum.
Dene inanggoloyudo yen cinondro kadi swandarugeni, atmajane Ki Demang Sangkal Putung miwah sang Agung Sedayu, putrane K: Sadewo ingkang kalih­kalihIpun saking tiatah jatienom. Putri dhomas ingkang minongko poro waroro, kawuryan koyo putri perdikan saking bawah jagat banyu biru.
Kacarlto kirabing penganten wus prapto madyaning pandapi, pengantin anggung sru panyuwunipun dhumateng sanggyaning poro tamu mugi paring pangestu temah tutugo ingkang glnayuh dumugiyo ingkang jinongko, jurniah kaliyan gegayuhanipun trep kalihan kudanganing tiyang sepuh hipun.
Soyo raket rinaketan ing sasono kursi rinenggo lumaksanane sri penganten, dening sang subo manggolo gyo ingacaranan lenggah. Dupi sanag penganten wus lenggah ing kursi rinenggo, sang subo manggolo ngawe­awe nyasmitani dhumateng poro waroro ingkang hanggarubyug, wangsul ing sasanane dhewe-dhewe.








KEMBUL BUJONO

Poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan, Salajengipun badhe katindakaken adicoro KEMBUL BUJONO. Dhumateng poro raawuh lan poro kadang sentono, kawulo aturi tumuju ing papan pamboran, sumonggo.
A.   PRASMANAN
Poro rawuh ingkang dhahat sadubudi,salajengipun dhumateng sagung poro tamu kasuwun enggal tumuju wonten ing papan pambojonan, keparengo kembul bujono utawi dhahar sesarengan wonten ing papan ingkang sampun sumadyo, sumonggo.
(Gending ayak manuro)
B.     PIRINGAN
Poro rawuh ingkang dhahat sadubudi. Salajengipun katindakaken adicoro Kembul Bujono. Dhumateng poro parogonladen sinoman kawulo aturi friggal nindakaken wajib, sumonggo.
BEDOL TEMANTEN
Bapak-2, ibu-2 sumawono sagung poro tamu ingkang pantes sinudarsono, salajengipun dhumateng poro rawuh keparengo paring berkah pangestu dhumateng temanten kekalih, miwah besan kekalih wonten ing papan ingkang sampun sumadyo, sumonggo.
z o
Dhumateng kadang pito sworo utawi operator
kawulo aturi ngungelakan gending ayak mayuro, sumonggo.








Text Box: 28PENUTUP

Poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan, kanthi tumindaking adicoro bedhol temanten, pramilo upocoro panggih temanten sampun paripurno, mboten kesupen, ingkang hamengku gati ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpo upami dhumateng rawuh panjenengan sekalian, ingkang sampunkepareng hangrawuhi sohoparing berkah pangestu dhumateng temanten kekalih, kawulo minongko jejering pambiworo, mbok bilih wonten klenta-klentunipunlan kiranging trapsilaning anggen kawulo matur, awit kirangipun titi toto pratitising atur tetembungan, kerso'o poro rawuh hanglunturaken samudro pangaksami. Sepindhah malih suroboyo-tulungagung/ pangapuro ingkang agung, tahu kecap purwosari, menawi wonten kaladuk ipun patrap lan pangucap nyuwun pangaksami, ing wasono sugeng dalu/ siang/ sonten, sugeng kundur, mugi sageto pepanggihan malih wonten ing lintu wekdal, NUWUN. Akhirul kalam wa'billahi taufik wal hidayah

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.























NAIK PANGGUNG,
TANPA PERSIAPAN
AKAN TURUN PANGGUNG
TANPA KEHORMATAN




By. Aldona Salon @Dwieka 2013




2 komentar: